Rabu, 04 Januari 2012

GAK TAEK - TAEK AN

GAK TAEK -TAEK AN Luwih becik urip iku digawe praktis, gak usah kakean cangkem, ojok kakean preketek-ketek, sing penting berusaha. Tapi iku ora berarti awake dhewe mlaku nyludur tanpo menghormati peraturan sing onok sak kiwo tengene awake dhewe iki. Sing penting wajar tur telaten. Mangkane lek saumpomo awake dhewe iki andhuweni kekarepan, becike yo kudu di usahakno sing temen lan temenan. Kuwatno tekadmu, kencengono usahamu, ojo lali ndungo nang sing nggawe urip.

Ojok gampang-gampang nyerah ambek roso loro, roso bosen, utowo roso ora telaten. Wis lumrah nek berjuang iku loro rasane… tapi gak dadi opo, pokoke ojok nyerah! Sing sabar, sing tawakal, tur ojok lali ambek kekarepanmu. Lek pas koen nganggur ora lapo-lapo, ojok lali angen-angenen nggonmu andhuweni kekarepan. Rencanakno sing temenan, sitik gan sitik lakonono nganti telaten, sing gelek bergaul lan kekanchan ambek akeh wong supoyo wawasanmu iso luas, tur ora gampang diakali.

Sing gemi, ojok boros-boros nang dhuwik. Tukuo celengan kanggo nyimpen dhuwikmu, utowo lek gak ngono mbuka’o rekening bank. Nyelengi iku penting artine, sebab lek koen nyelengi, koen termasuk nglatih awakmu bertanggung jawab nang nggone awakmu dhewe. Dadi koen luwih iso ngatur perencanaan kanggo masa depanmu dhewe.

Nek secara keuangan koen durung kuat, ojok cobak-cobak pacaran, luwih-luwih rabi. Dengan adanya koen pacaran iku maeng, koen malih tambah gopok, ga iso maju, tambah males, tambah ngalem, ambek tambah cengeng. Terus maneh, biasane arek sing pacaran iku mau, gaiso ngendalekno pengeluarane, alias boros. Sebab dino-dino mek seneng-seneng, dolen mrono-mrene ngentekno bengsin. Dhuwike tambah kalong, pikirane tambah suwe tambah koplo, utek’e di iseni hal-hal sing berbau kemesraan, utowo cinta monyet. Malah rugi.

Durung ngkok lek tukaran barang ambek pacare, ngentekno dhuwit puluhan ewu gae pulsane HP, ora eman mek digawe engkel-engkelan geger telek, ora ono jluntrungane. Wis pikirane kesel digawe mikirno tukaran, dhuwite ilang, kari getune.

Wis gak taek-taekan...! ojok kakean macem ambek uripmu. Sing penting dilakoni ae, sing sederhana, sing tabah. Sing kuat lekmu tirakat, sing kuat lekmu njaluk, ojok kakean turu.Image and video hosting by TinyPic

Tidak ada komentar: